Bathara Kamajaya Dadi Pralambang Priya Kang Sampurna
Bathara Kamajaya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Sanggani. Dewi
 Sanggani dhewe ora liya putrane putri Sanghyang Wenang kang kaping 
sanga. Bathara Kamajaya iku kondhang duwe pasuryan kang bagus banget, 
dedeg piyadege uga sampurna.
Yen ing arcapada ana Arjuna kang dadi pralambange priya kang sampurna
 pasuryan lan dedeg piyadege, ing Suralaya ana Bathara Kamajaya. 
Kayangane sinebut Cakrakembang. Prameswarine asma Dewi Ratih, yaiku 
putrane putri Bathara Soma.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, pasangan Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih kondhang rukune, ora tau cecongkrahan, siji lan sijine padha percayane, siji lan sijine padha tresnane, saengga menjila dadi pralambang wong mbangun bale somah kang samesthine.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, pasangan Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih kondhang rukune, ora tau cecongkrahan, siji lan sijine padha percayane, siji lan sijine padha tresnane, saengga menjila dadi pralambang wong mbangun bale somah kang samesthine.
Bathara Kamajaya iku tresna banget marang Arjuna, lan tansah sumadya 
mbela lan mbiyantu Arjuna. Ing lakon Cekel Indralaya, Bathara Kamajaya 
njaga ajining dhiri Dewi Wara Sumbadra, amarga Arjuna katemben nglakoni 
tapa brata ing pertapan utawa padhepokan Banjarmelati.
Ora anane Arjuna ing sisihe Dewi Wara Sumbadra dimumpangatake dening 
para Kurawa kanggo nggodha Dewi Wara Sumbadra kang dumunung ing 
Banoncinawi. Ing lakon Partadewa, nalika Pandhawa murca lan Arjuna 
jumeneng nata ing Kaindran, Bathara Kamajaya mbela krajan Amarta saka 
pangrabasane Kurawa.
Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih kondhang lan dikenal banget dening 
sakabehing warga Nuswantara, saengga menjila panemu kang dadi perangane 
kapercayan yen ana sawijining wanita kang ngandhut jabang bayi 
sepisanan, diprelokake sarat arupa woh klapa gadhing kang isih enom 
utawa cengkir gadhing kang banjur kudu digambari Bathara Kamajaya lan 
Dewi Ratih.
Pangajabe, murih anak turun kang bakal lair saka guwa garbane wanita 
mau yen lair priya bisaa bagus banget kayadene Bathara Kamajaya, lan yen
 lair wanita bisaa sulistya ing rupa kayadene Dewi Kamaratih. Sarat 
cengkir gadhing digambari Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih iki kudu 
disumadiyakake ing adicara tingkeban, yaiku slametan nalika kandhutan 
umur pitung sasi lan wolung sasi.
Pusakane Sanghyang Kamajaya arupa arupa panah kemayan cakrakembang, 
yaiku panah kang wujude kayadene kembang pancawisaya. Ing lakon 
Cakrakembang, Bathara Kamajaya antuk jejibahan nggugah Bathara Guru kang
 katemben mbangun tapa. Bathara Guru kudu digugah saka tapane amarga 
Suralaya katekan wadyabalane raseksa Kala Nilarurdaka kang gawe dredah 
lan rusaking Suralaya.
Kanthi sarana panah sekti kemayan kembang pancawisaya, Bathara 
Kamajaya kasil nggugah Bathara Guru kang gentur tapane iku. Bathara 
Kamajaya asring mudhun ing arcapada kanggo mbiyantu Arjuna lan paring 
pituduh marang Arjuna yen satriya Pandhawa iku katemben ngadhepi 
reridhu.
Yen katemben mudhun ing arcapada, Bathara Kamajaya tansah malih rupa 
dadi raseksa alasan kang dikantheni sisihane kang arupa raseksi. 
Ananging kadhangkala Bathara Kamajaya uga malih rupa dadi macan kumbang.
Ing lakon Partadewa, nalika Arjuna dadi raja tumrap para widadari ing
 kayangan Tinjamaya, jejuluk Prabu Kiritin, ndadekake praja Amarta ora 
ana kang mimpin. Jumenenge Arjuna dadi raja ing kayangan Tinjamaya 
nyebabake Puntadewa, Werkudara, Nakula lan Sadewa ninggalaka karaton 
Amarta kanggo ngudi dununge Arjuna.
Nguningani yen krajan Amarta ora ana sing mimpin, Bathara Kamajaya 
ora tega, wusanane Sanghyang Kamajaya mudhun ing arcapada lan jumeneng 
nata sauntara ing krajan Amarta, jejuluk Prabu Partadewa. Ancase mung 
pengin njaga nagara Amarta supaya ora dirabasa lan dijeki dening para 
Kurawa.
Sawise Puntadewa, Werkudara, Nakula lan Sadewa kasil nemokake Arjuna 
lan padha nglumpuk maneh ing Amarta, Bathara Kamajaya masrahake 
kalenggahan nata ing Amarta marang Prabu Puntadewa. Wandane Bathara 
Kamajaya iku Kinanti.
::Ichwan Prasetyo::

Posting Komentar untuk "Bathara Kamajaya Dadi Pralambang Priya Kang Sampurna"