Jayadrata (Bahasa Jawa)
Jayadrata dudu wargane Kurawa kang cacah 100. Ananging, kayadene
Basukarna utawa Adipati Karna, Jayadrata dadi salah sijine tetunggule
kulawarga Kurawa ing perang Bharatayuda sawise kaangkat lan katetepake
dadi sedulure para Kurawa dening Duryudana utawa Kurupati.
Miturut andharan ing buku Ringgit Wacucal, anggitane KRMH H Wirastodipuro, weton ISI Press Solo, jeneng cilike Jayadrata iku Arya Tirtanata. Kasatriyane Banakeling utawa Buwanakeling. Jayadrata iku putrane Resi Sempani utawa Sapwani, pujangga ing nagara Banakeling, kalawan Dewi Drata. Jayadrata palakrama kalawan Dewi Dursilawati, siji-sijine warga kulawarga Kurawa kang wadon, lan nurunake putra aran Wismuka lan Raden Wiruta.
Miturut andharan ing buku Ringgit Wacucal, anggitane KRMH H Wirastodipuro, weton ISI Press Solo, jeneng cilike Jayadrata iku Arya Tirtanata. Kasatriyane Banakeling utawa Buwanakeling. Jayadrata iku putrane Resi Sempani utawa Sapwani, pujangga ing nagara Banakeling, kalawan Dewi Drata. Jayadrata palakrama kalawan Dewi Dursilawati, siji-sijine warga kulawarga Kurawa kang wadon, lan nurunake putra aran Wismuka lan Raden Wiruta.
Dedeg piyadege Jayadrata santosa, dhadhane birawa, gagah prakosa lan
sembada wiratama. Dene sipate degsura, seneng apuskrama lan culika ing
tumindak. Ing perang Bharatayuda, Jayadrata duwe piyandel aji-aji kidang
minglar (bisa mlumpat kayadene kidang), gegaman arupa jemparing Kyai
Kartala lan gada Kyai Glinggang.
Adhedhasar andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta
Penjelasannya, anggitane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya
Bayu Aji, weton Cendrawasih, Jayadrata iku sabenere jenenge patih
Karaton Banakeling. Jeneng Jayadrata banjur dingggo dening Arya
Tirtanata.
Dene critane Arya Tirtanata putrane Prabu Sempani iku kawiwitan
nalika raja nagara Sindu utawa Banakeling, Prabu Sinduraja muksa tanpa
ninggalake putra utawa putri kang ngganteni kalenggahan dampar keprabon
Banakeling.
Patih Jayadrata dhewe uga ora gelem diangkat nglenggahi dampar
keprabon Banakeling karane umure sing wis tuwa. Sawijining dina, Resi
Sempani kang wektu iku dadi pujangga ing nagara Banakeling nemokake
bungkus bayi kang ora liya bungkuse Bratasena utawa Bima kang keli tekan
samodra.
Dening Resi Sempani, bungkuse Bima iku dikumbah nganggo banyu udan
sepisanan kang mujudake rajane banyu. Karana iku saka kuwasane Kang
Akarya Jagad, bungkuse Bima iku malih dadi bocah lanang sing gagah
pideksa lan bagus praupane. Resi Sempani banjur njenengi bocah iku
Tirtanata, dene Nyi Sempani utawa Dewi Drata menehi jeneng Jaka Segara.
Sabanjure Patih Jayadrata ngangkat Arya Tirtanata dadi raja ing
nagara Banakeling, nggenteni kalungguhane Prabu Sinduraja kang muksa.
Sabanjure, Patih Jayadrata nglilani jenenge dinggo dening Arya Tirtanata
gegayutan kalawan pepenginane Tirtanata nambah ngelmu babagan
paprentahan lan ngelmu liyane.
Resi Sempani banjur mrayogakake supaya Tirtanata kang wis nganggo
jeneng Jayadrata iku meguru marang Prabu Pandhu ing nagara Astina.
Pandhu kondhang minangka raja kang dhuwur ngelmune babagan paprentahan.
Sabanjure Jayadrata tumuju nagara Astina lan kang sepisanan ditemoni
yaiku Patih Sengkuni.
Karana Prabu Pandhu wis surut ing kasedan jati, Jayadrata disowanake
marang Prabu Drestarastra, kang nalika iku nglenggahi dhampar keprabon
Astina minangka wakili Pandawa. Lan ing wektu iku kulawarga Kurawa
ngupaya ngimpun jago saakeh-akehe kanggo ngrebut dhampar keprabon Astina
saka hake Pandhawa.
Nalika Duryudana sasedulure ketemu kalawan Jayadrata, saka panjurunge
Patih Sengkuni, kulawarga Kurawa banjur padha sarujuk ngangkat
Jayadrata minangka mitra lan sedulure Kurawa. Kanggo nguwatake
kekarepane, Duryudana banjur macangake Jayadrata kalawan adhine, Dewi
Dursilawati. Sabanjure Jayadrata palakrama kalawan Dewi Dursilawati.
Pusaka gada Kyai Glinggang ing perang Bharatayuda digunakake
Jayadrata kanggo ngalahake Abimanyu, putrane Arjuna, panengahe Pandawa.
Karana ketaman gada Kyai Glinggang iku, Abimanyu kang uga kondhang
kanthi jeneng Angkawijaya iku gugur ing palagan perang Bharatayuda.
Antuk warta yen Abimanyu gugur saka pokale Jayadrata, Arjuna banget murinane lan sedya males patine Abimanyu marang Jayadrata dina iku uga. Arjuna uga mbiwarakake sumpahe yen ing awan dina iku ora kasil mateni Jayadrata bakal milih bela pati kanthi cara njegur ing geni pancaka kang dianggo ngobong mayite Abimanyu.
Kanggo nyegah kaleksanane sumpahe Arjuna, wadyabala Kurawa ngracik
barisan telung sap kanggo ndhelikake Jayadrata. Resi Sempani kang ngerti
yen putrane nemahi bebaya saka sumpahe Arjuna banjur ngripta sewu
Tirtanata saka woh genetri. Ananging Tirtanata-Tirtanata gaweyane Resi
Sempani iku kasil disirnakake Arjuna karana kasektene panah Naracabala.
Prabu Kresna kang weruh banget murinane Arjuna amarga patine Abimanyu
banjur mbiyantu kanthi daya kasektene sanjata Cakra kang ndadekake
swasana palagan perang Bharatayuad kayadene wis wayah surup ngancik
wengi. Nalika swasana dadi peteng amarga sunare srengenge katutup
kasektene sanjata Cakra, wadyabala Pandhawa nyebar warta yen Arjuna wis
bela patine Abimanyu kanthi pati obong.
Krungu warta kang sumebar ing barisane wadyabala Pandhawa, barisane
Kurawa kang ndhelikake Jayadrata dadi kendho. Jayadrata dhewe kang
rumangsa aman banjur tumuju geni pancaka kanggo ngobong mayite Abimanyu
kang mulad-mulad. Karana ndulu geni pancaka iku, sirahe Jayadrata
manglung metu saka barisane wadyabala Kurawa. Sanalika iku, Arjuna kang
wis nyumadyake panahe, banjur narik gandhewa lan jemparinge bisa ngenani
gulune Jayadrata.
Gulune Jayadrata sanalika tugel lan sirahe pisah saka gembunge, Jayadrata mati sanalika.
Karana kasektene Resi Sempani, sirahe Jayadrata bisa urip maneh lan banjur ngamuk.
Pangamuke sirahe Jayadrata kasil gawe patine Prabukusuma lan Wilagangga kang ora liya uga putrane Arjuna. Nanging saka pambiyantune Kresna, daya kasektene Resi Sempani kang nguripake sirahe Arjuna bisa luntur. Jayadrata mati kanthi sampurna.
Dene Resi Sempani genti ngamuk sedya males patine Jayadrata.
Sabanjure Arjuna nyipta udan kang mahanani lunture kasektene Resi
Sempani lan Resi Sempani nemahi pati amarga ora kuwat ngampet rasa adhem
kang tuwuh saka prebawane udan gaweyane Arjuna.
Posting Komentar untuk "Jayadrata (Bahasa Jawa)"