Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pandawa Dadu (Dalam Bahasa Jawa)

Cerita Wayang Bahasa Jawa : Pandawa Dadu - Sasampunipun pendhawa saged medal saking bale Sigala-gala, wusana saget medal mbangun praja wonten ing tlatah Endraprastha utawi Amarta. Sedaya wiwit ikhtiyar nyusun kekiyayatan kanthi tumindak ingkang sae lan jujur.

Kosok wangsulipun para tokoh Kurawa ningali para satriya pandawa sami gumugah tuwuh sedaya bala kurawa sansaya sanget anggenipun dendam. Kurawa Ngastina nglajengaken niat jahatipun, ngangge siasat licik lan jahat. Prajurit kurawa sansaya sombong, jalaran rumaos nggadhahi kekiyatan ageng. Ningali pandhawa namung nggadhai kekiyatan tokoh/cacahipun 5.

Kurawa Ngastina wiwit ngacakaken siyasat licik: ndhatengaken pandawa dipuntantang main dhadhu.

Kanthi tumindak licik lan licin, Arya sangkuni saget ngawonaken pandhawa. Padhawa dipunpeksa supados masrahaken negari, kraton, para pribadhi saha semahanipun minangka totohanipun(sebagai taruhan).

Pandhawa kawon, kedah nindhakaken Ukuman nyingkir dhateng wana, 13 taun laminipun.

Sasampunipun ndungkap, ukaman wekdal 13 taun, pendhawa kedah nyamar ngantosboten saged dipunngerosi wonten pundi panggenanipun.

Pranyata ndungkap wekdal ukuman 13 taun, pendhawa nyamar wonten negari wiratha, sami ngawula (menjadi hamba) dhateng prabu Matswapati/ Gurgandana. Ing pungkasaning taun 13, kawontenanipun Pandhawa boten sagetd dipun mangertosi dening kurawa ngastina klebet mata-matanipun.

Cathetan ingkang ndamel nggrantesing manah, ing salebetipun main dadu, Dewi drupadi dipun ruda paripeksa(penghinaan) ingkang sakalangkung jahat saking arya Dursasana. Ngantos rikmanipun Dewi Drupadi ngore(terurai).

Dewi drupadi sumpah ora bakal nyanggul rikmanipun sak derenge kramas kalian getihe Arya Dursasana.

Posting Komentar untuk "Pandawa Dadu (Dalam Bahasa Jawa)"