Kala Bendana (Bahasa Jawa)
Ditya Kalabendana iku anake ragil Prabu Arimbaka, raja nagara
Pringgadani. Kalabendana duwe sedulur cacah pitu, yaiku Prabu Arimba,
Prabu Arimbi, Brajadenta, Brajamusti, Brajalamatan, Brajawikalpa lan
Prabakiswa utawa Prabakesa.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai
Pustaka, 1991, Kalabendana awujud raseksa kunthing, praupane edhum, ora
pinter, jujur, wicarane alus nanging celat. Dheweke duwe rasa sih lan
tresna banget marang Gathotkaca, sing ora liya ponakane. Kalabendana
ngiringi Gathotkaca tumuju Suralaya nalika arep didu kalawan Prabu
Pracona utawa Percona.
Nalika Gathotkaca sing isih bayi didu kalawan Ditya Kasipu utawa
Sekipu, utusane Prabu Pracona, dheweke mati amarga dicakot. Kalabendana
banjur ngamuk mbela Gathotkaca saengga akeh prajurit pangiringi Kasipu
sing mati, wusana Ditya Kasipu kaweden meruhi kridhane Kalabendana.
Gathotkaca sing mati dening jawata banjur dikum ing kawah
Candradimuka, digodhog bebarengan maneka warna sanjata, saengga
sanjata-sanjata iku ndadekake ragane Gathotkaca ora tedhas tapak
paluning pandhe sisaning gurinda. Wusana Gathotkaca banjur didu maneh
kalawan Ditya Kasipu, saengga kasil mateni utusane Prabu Pracona iku.
Malah Prabu Pracona dhewe uga kasil dipateni dening Gathotkaca.
Nalika kedadeyan kramane Brajadenta kanggo nguwasani dhampar keprabon
Pringgadani, Kalabendana mehak sing ora sarujuk kalawan Brajadenta.
Kawitane Kalabendana iku jenenge Kalakatung, amarga tansah nuwuhake lan
nemoni kacilakan utawa bendana banjur dijenengake Kalabendana.
Ing lakon Gathotkaca Sraya, Abimanyu ngapusi sisihane sing kapisan,
Dewi Siti Sundari (anake Prabu Kresna). Abimanyu kandha yen dheweke arep
mbebedhag ing alas, ananging kasunyatane Abimanyu tumuju Wirata
bebarengan Gathotkaca kanggo nglamar Dewi Utari.
Kalabendana dipasrahi njaga Dewi Siti Sundari. Dene Dewi Siti Sundari
sing krasa ora kepenak atine amarga ditinggal Abimanyu banjur ngutus
Kalabendana supaya nggoleki Abimanyu. Kanthi kasektene, Kalabendana bisa
ngambu kringete Gathotkaca lan bisa nemokake kekarone, Gathotkaca lan
Abimanyu. Kekarone ana ing keputren Wirata nembe gegojegan kalawan Dewi
Utari.
Kalabendana ngejak kekarone bali mulih lan ngandhakake yen sisihane
Abimanyu sedhih atine amarga ditinggal. Amarga wicarane Kalabendana iku,
Dewi Utari ngerti yen Abimanyu wus duwe sisihan. Amarga mangkel lan
krasa diapusi dening Abimanyu, Dewi Utari nyepatani Abimanyu yen
samengkone bakal mati kanthi tatu arang kranjang ing paprangan
Baratayuda.
Gathotkaca dadi muntab amarga tekane Kalabendana. Gathotkaca lali
marang jejere bapak cilike iku. Kalabendana diglandhang metu lan diajar
nganti mati. Sadurunge nemahi pati, Kalabendana nyepatani Gathotkaca yen
ing sawijining dina dheweke bakal males tumindake Gathotkaca ing perang
Baratayuda.
Ing perang Baratayuda babak kaping IV, Suluhan, sumpahe Kalabendana
kasembadan. Sabanjure, sawise mangerteni dhodhok selehing prekara,
nesune Dewi Siti Sundari disuntak marang Semar, pamonge Abimanyu. Semar
dhewe genten nyepatani Dewi Siti Sundari, sisihane Abimanyu iki ora
bakal duwe anak turun.
Amarga anane Kalabendana tansah nuwuhake kacilakan utawa bendana,
hamula Kalakatung banjur kondhang kanthi jeneng Kalabendana. Dheweke
mati dening Gathotkaca amarga bendana sing tansah ngiringi tekane. Ing
perang Baratayuda babak kaping IV, Gathotkaca sinengkakake minangka
senapati perang Pandhawa ngadhepi Adipati Karna, senapatine Kurawa.
Nalika sanjata Kunta metu lan digegem dening Adipati Karna,
Gathotkaca ngendhani kanthi cara mabur ngangkasa, karepe supaya ora
ketaman sanjatane Karna. Meruhi krenahe Gathotkaca iku, Karna dadi
bingung amarga dheweke mesthekake sanjatane ora bakal bisa ngenani
Gathotkaca.
Ananging Karna tetep nglepasake Kuntawijaya ngener ayang-ayang werna
ireng ing akasa. Kunta ngeplas saka gandhewa. Jitma Kalabendana meruhi
playune sanjata Kunta lan banjur nyekel sanjatane Karna iku lan kagawa
tumuju Gathotkaca sing ndhelik aling-aling mega. Kuntawijaya nubles
pusere Gathotkaca. Getih nyembut kadidene udan, nelesi pabaratan
Baratayuda.
Posting Komentar untuk "Kala Bendana (Bahasa Jawa)"