Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Wahmuka lan Arimuka sedulur kakang kawah adhi ari-ari

Ditya Wahmuka ora bisa dipisahake kalawan Ditya Arimuka. Kekarone awujud raseksa kembar sing riwayat asal-usule siji.

Kekarone metu ing lakon Alap-alapan Triputri, yaiku kedadeyan nalika ana putri telu kembar arep ningkahan bareng. Telu putri kasebut yaiku Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki.

Ditya Wahmuka lan Ditya Arimuka dadi pasanggiri nagara Pandansurat. Saksapaa sing bisa ngalahake raseksa kembar iki bakal bisa mboyong putri kembar telu, ya Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki.

Arimuka
Patembayan kasebut kasil narik kawigatene para raja lan satriya sing rata-rata pancen padha kapencut marang kasulistyane putri telu kembar kasebut.

Ananging saka raja-raja lan satriya sing melu patembayan ora ana sing bisa ngalahake kasektene Wahmuka lan Arimuka. Nalika iku Dewabrata utawa Resi Bisma diutus bapake, Prabu Santanu raja Astina kanggo melu ing patembayan kanggo adhine, Citragada lan Wicitrawirya.

Bisma banjur adhep-adhepan kalawan Wahmuka lan Arimuka. Katelune banjur perang tandhing rame banget. Kanthi pusaka lembing Kyai Salukat, Dewabrata kasil ngalahake Ditya Wahmuka lan Arimuka. Wahmuka banjur bali marang wujud asale yaiku kawah, dene Ditya Arimuka uga bali marang wujud asale, yaiku ari-ari.

Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki iku anake Prabu Darmahambara, raja ing Giyantipura. Dewi Amba wus dipacangake lan Prabu Citramuka, raja nagara Srawantipura.

Nalika Bisma kasil mupu patembayan lan mboyong Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki, ing tengah dalan Dewi Amba njaluk marang Bisma supaya diluwari amarga wus dipacangake lan Prabu Citramuka saka nagara Srawantipura.
Wahmuka
Nanging nalika Dewi Amba kasil sapatemon kalawan Citramuka, raja nagara Srawantipura iku wus ora gelem maneh nganggep Amba minangka pacanange. Miturut Citramuka, Amba wus dadi hake Bisma sing menang ing patembayan kanthi ngalahake pasanggirine Wahmuka lan Arimuka.

Amba banjur nyusul Bisma maneh lan njaluk supaya entuk melu tekan Astina. Nanging Bisma ora gelem nampa baline Amba minangka putri Boyongan. Dene Amba dhewe tetep ndhesek Bisma supaya gelem ngejak tekan Astina.

Bisma banjur nesu lan ngancam Amba nganggo sanjatane. Lan tanpa sengaja, panah sing pinenthang ing gandhewane Bisma kanggo ngagar-agari Amba ucul saka jepitan drijine Bisma. Panah iku ngenani dhadhane Amba. Sadurunge mati Amba nyepatani Bisma yen dheweke bakal males patine lumantar sawijining prajurit wanita titisane.

Sepatane Amba kawujud ing perang Bharatayuda babak kapindho utawa Tawur. Bisma gugur ing tangane Srikandhi, prajurit wanita saka Pandhawa, sisihane Arjuna. Nalika iku Srikandhi kasusupan sukmane Dewi Amba. 
::Ichwan Prasetyo::

Posting Komentar untuk "Wahmuka lan Arimuka sedulur kakang kawah adhi ari-ari"