Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Busana Raden Werkudara (Bahasa Jawa)

Cerita Wayang dalam Bahasa Jawa : Busana Raden Werkudara - Kocapa Radèn Arya Warkudhara cancut taliwônda, cancut cincing taliwônda cawêtan. Angrasuk busana, apa busanane Radèn Arya Warkudhara, gêlung minangkara, cundhuk mas rineka jaroting asêm. Sumping pudhak sinumpêt. Tinatah balibar manggis. Anting-anting tunggul maniking toya, kalung nagabônda, gêlang côndrakirana. Dodot polèng bang bintulu, lancingan cindhe puspita, kinancing grudha kancana, porong wastane. Pangagêmane Radèn Arya Warkudhara, kinarya pratôndha duwe têgês dhewe-dhewe:


1. Gêlung minangkara, èndhèk ngarêp dhuwur buri, pranyata sinatriya bisa minta aksama, waspada lungguhing kawula gusti, kêna sinêbut jalma patrap. Mila wiwit timur dumugi samangke durung tau sinaru ing sapadhane.

2. Cundhuk mas rineka jaroting asêm. Radèn Wrêkudara têka wuwuh kajarotane, kabèh titahing dewa padha wêdi lawan asih.

3. Sumping pudhak sinumpêt. Tinatah balibar manggis. Pranyata Radèn Arya Warkudara mung anindakake sabênêre, bisa nyumpêt basa ala lan bêcik, wong kang ala dèn alani wong bêcik dèn bêciki, jaba jêrone padha, jaba 5 jêro 5.

4. Anting-anting tunggul maniking toya, pranyata Radèn Wêrkudara sukci panggalihe, mung nganggo sabênêre. Cuplak andhêng-andhêng
yèn ora pêrnah dununge cinukil binuwang têbih, bau kiwa bau têngên yèn ala sinêmpal pribadi.

5. Kalung Nagabônda, naga têtêngêr, bônda karosan. Pranyata Warkudara dadya panêngran panênggaking Pandhawa, yèn mêtu kanêpsone, kabèh titahing dewa tan ana bisa ngêmbari ing karosane.

6. Gêlang Côndrakirana, côndra sasi, kirana sorot. Pranyata Radèn Arya Warkudara waspada sorot sirating dumadi, dadya cuplak andhêng-andhênging bawana, sayêkti tan kênaning pati, tanggal nom katon ênom, tanggal tuwa katon mêjana. Wrêkudara uga bisa sirna, nanging sirnaning barêng kalawan jagad. Besuk yèn wus jagad ginulung kari samrica binubut, ing kono sirnane Wrêkudara. Yèn arêp nyatakake mêtua wayah bangun raina, tumêngaa mandhuwur, sayêkti wruh wayangane Wrêkudara, nganggrang ingaranan lintang Bimasêkti.

7. Kuku Pôncanaka, kuku kukuh pônca lima, kukune Wrêkudara lima sisih, padha dawane, nanging mung katon sawiji, luwih ampuh ingaranan kuku pôncanaka. Pranyata Wrêkudara dadya suh pikukuhing Pandhawa lima. Kukunipun Wrêkudara mila ampuh dening Hyang Singa ingkang manuksma manggèn ing pôncanaka. Pranyata sinatriya ing sadina-dina, tansah anggêgêm siyunge Sang Bathara Singa.

8. Dodot polèng bang bintulu, rikala Warkudara puruhita Hyang Ruci Dewa, antuk kanugrahaning jawata, anon cahya môncawarna, sigra inganggit kinarya busana, wêrnane abang irêng kuning putih, duwe têgês dhewe-dhewe. Abang marang kanêpson, irêng kalanggêngan, kuning abyoring busana, putih kasukcèn.

9. Lancingan cindhe puspita kinancing grudha porong wastane. Wrêkudara tumitah ing ngarcapada, datan bisa mabur, nanging lumpate kêna diêndêlake, sarta kêna kinarya panêngran ura-uruning praja, yèn kancikan parangmuka, sanadyan nagara ing Ngamarta kariya saiyubing payung, yèn garudha porong thinuthuk maksih angangkang, sayêkti tan kênaning bêdhah.
sumber : fb.me/bumiprabu

Posting Komentar untuk "Busana Raden Werkudara (Bahasa Jawa)"