Puntadewa / Yudistira (Bahasa Jawa)
Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta (Ngamarta), Dasanamane : Prabu Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, Gunatalikrama, Sadha Dwijakangka, Sang Ajathasatru.
Garwane
 asma Dewi Drupadi, mbakyune dewi Wara Srikandhi, putrane Prabu Drupada 
saka Negara Pancala. Saka Sang Prameswari Dewi Drupadi iki, Prabu 
Puntadewa peputra kakung siji, kekasih Raden Pancawala.
Prabu 
Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya lila 
ing pati. Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi 
diparingake. Nadyan segenge pisan yen ana sing njaluk, mesthi 
dililakake. Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang. 
Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo 
kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita Drona jumeneng Mahasenapati ing 
perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa 
tetep ngendika jujur, “ingkang pejah Hesthitama”. Mung olehe ngendika 
“Hesthi” lirih, “Tama”ne banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona 
bingung, lan bisa dipateni dening Raden Trusthajumena.
Amarga saking 
banget ngati –atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh,
 mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine
 uripe.
Pusakane Prabu Puntadewa wujud kitab/buku, jenenge Layang 
Kalimasada Pustaka Jamus. Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga 
pusaka iki. Kejaba iku, pusaka liyane wujud tumbak lan payung, jenenge 
tumbak Karawilang lan payung Tunggulnaga.
 =====================
Prabu Puntadewa iku ajejalok Yudistira iya prabu Dwijakangka utawa sinebut uga Prabu Gunatalikrama.
Prabu
 Puntadewa kagungan pusaka arane jimat kalimasada. Prabu Puntadewa kena 
diarani manungsa setengah dewa. Geneya Prabu Puntadewa diarani setengah 
dewa amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya Dewa, kayata Getihe 
putih, Sipate sabar, ora kagungan mungsuh, lan tansah tresna marang 
karukunan.
Prabu
 Puntadewa iku garwane Dewi Drupadi, kagungan putra iku asmane Raden 
Pancawala. Prabu Puntadewa iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi 
Kunthi Nakibrata.
Prabu
 Puntadewa iku ratu ing Amarta kang sabar lan mboten seneng perang. Nalika 
perang gedhe Bratayuda, Prabu Puntadewa dipekso mandeg Senopati tanding 
karo Prabu Salya saka Mandukara. Prabu Salya gugur, Prabu Puntadewa kang
 unggul
=====================
Raden puntadewa inggih menika peranganing pandhawa ingkang sepuh 
piyambak. Putra Prabu Pandhu. Narendra ing ngastina. Piyambakan kawentar
 minangka putra ingkang saleh, jujur, sabar, tata krami, lila sregep, 
saha mituhu. Seserepan ingkang dipuntamekaken prekawis agami. Pramila 
ingkang dipunremeni prekawis kesaenan, kajujuran, sarta lila legawa. 
Minangka putra pambarep Pandhawa tansah bekti kaliyan tiyang sepuh sarta
 sanget asihipun dhumateng para rayi piyambakipun tansah momong para 
rayi kanthi raos asih. Pramila Raden Puntadewa tansah dipuntresnani 
kaliyan para sesepuh, dipunajeni kaliyan para rencang, saha dipunbekteni
 dening para ingkang anem.
Awak-awakipun kuning gumrining, dedeg lencir, saha ukuranipun tanggung. Pasuryanipun bagus ules pethak mratandhani sucining manah.
Busana saha rerenggan ingkang dipunagem wujud gelung keeling. Sumping waderan, kalungmenggah, kelatbau nagamangsa, gelangkana ganda, ali-ali gunung sepikul, kampuh bathik limar lapis, kroncong ngrangenan.
Artikel Terkait :
Puntadewa / Yudistira (Bahasa Jawa)
Werkudara / Bima (Bahasa Jawa)
Arjuna (Bahasa Jawa)
Nakula (Bahasa Jawa)
Sadewa (Bahasa Jawa)
Awak-awakipun kuning gumrining, dedeg lencir, saha ukuranipun tanggung. Pasuryanipun bagus ules pethak mratandhani sucining manah.
Busana saha rerenggan ingkang dipunagem wujud gelung keeling. Sumping waderan, kalungmenggah, kelatbau nagamangsa, gelangkana ganda, ali-ali gunung sepikul, kampuh bathik limar lapis, kroncong ngrangenan.
Artikel Terkait :
Puntadewa / Yudistira (Bahasa Jawa)
Werkudara / Bima (Bahasa Jawa)
Arjuna (Bahasa Jawa)
Nakula (Bahasa Jawa)
Sadewa (Bahasa Jawa)
 

Posting Komentar untuk "Puntadewa / Yudistira (Bahasa Jawa)"