Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Arjuna (Janaka) Bahasa Jawa

 Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga (Jannah). Janaka saka tembung jannahuka, tegese swargamu. Mula sapa sing kepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.


Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel ing samubarang, seneng tetulung marang sapa bae, mula ditresnani dening sapa bae. Ora mokal yen garwane pirang – pirang. Bojo akeh iki tegese Janaka ditresnani dening sapa bae. Yen priya ngondhangake kasudibyane, yen wanita ngondhangake sigiting citra.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh (ilmu), sugih gaman lan mantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku : 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3. Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer.

Pusakane pirang – pirang. Kang asring digunakake : Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati.

Artikel Terkait :
Puntadewa / Yudistira (Bahasa Jawa)
Werkudara / Bima (Bahasa Jawa)
Arjuna (Bahasa Jawa)
Nakula (Bahasa Jawa)
Sadewa (Bahasa Jawa)

2 komentar untuk "Arjuna (Janaka) Bahasa Jawa"

Unknown 14 Mei 2015 pukul 08.15 Hapus Komentar
artikelnya sangat menarik (y) salam bloger :)
Dania 25 Maret 2017 pukul 06.20 Hapus Komentar
Super sekali