Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Bathara Kala (Bahasa Jawa)



Bathara Kala iku putrane Sanghyang Manikmaya lan Dewi Umayi kang nomer enem, utawa putra ragil. Tembung kala ateges wektu lan dewa penasaran.
Sawise Bathara Guru lan Dewi Umayi peputra cacah lima, kalorone lelungan ngenggar-enggar ati numpak Lembu Andini utawa Nandini.
Ing satengahing mlaku-mlaku iku Bathara Guru kapiadreng saresmi, ananging Dewi Umayi nulak. Pawadane kahanane ora apik kanggo saresmi amarga ana ing satengahing adicara mlaku-mlaku ngenggar-enggar ati.

Nalika weruh kepriye adrenge Bathara Guru, Dewi Umayi nesu lan nyepatani Bathara Guru saengga thukul siyung ing tutuke. Kapiadrenge Bathara Guru kang pengin saresmi ndadekake kamane tiba ing samodra.

Kama salah iku banjur mawujud dadi bayi raseksa. Bayi raseksa iku ora lair saka guwa garbane ibu ananging lair saka guwa garbane samodra. Udakara telung taun sabanjure, bayi raseksa iku mung njagakake pangane saka iwak-iwak kang kasil dicekel ing samodra iku.
Bathara Baruna utawa Hyang Waruna, minangka panguwasane samodra banjur ngadhep ing Suralaya njaluk pituduh saka rajaning para dewa kanggo ngawekane dredah ing samodra amarga polahe bayi raseksa iku.

Cerita Wayang Bahasa Jawa
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, kabeh para dewa ora ana kang bisa nandhingi kridhane raseksa kang ngudhak-udhak samodra, golek iwak kanggo pangane. Bayi raseksa iku malah bisa ngoyak para dewa kang sedya merangi dheweke. Pangoyake nganti tekan Suralaya. Ing Suralaya bayi raseksa iku ngamuk saengga nuwuhake dredah lan rusaking Suralaya.

Bayi raseksa iku nglereni pangamuke sawise ketaman aji Kemayan kang dipatek dening Sanghyang Manikmaya. Kabeh siyunge bayi raseksa iku dikethok, sing tengen dadi sanjata keris Kalanadhah, dene sing kiwa dadi sanjata keris Kaladhita.

Bayi raseksa iku banjur diparingi jeneng Bathara Kala lan diakoni minangka putrane Sanghyang Jagadnata. Bathara Kala banjur antuk wewenang mangan wong-wong sukerta, uga wong-wong aradan, yaiku wong-wong kang ing uripe tansah nglirwakake bebener.
Bathuke Bathara Kala banjur ditulisi rajah Kala Cakra kang diarani Sastrabedati kanthi wasiyat sapa wae kang bisa maca rajah iku ora bakal dipangan dening Bathara Kala.
 
Sanghyang Manikmaya uga paring bedama utawa gada marang Bathara Kala kanggo mateni wong-wong kang arep dipangan. Sanghyang Manikmaya pancen nitahake kabeh wong kang arep dipangan Bathara Kala kudu dipateni luwih dhisik.

Bathara Kala banjur dililani ninggalake Suralaya kanggo mburu mangsane. Salungane Bathara Kala, Sanghyang Narada nyaruwe Bathara Guru awit peparing wewenang marang Bathara Kala kanggo mangan wong-wong sukerta lan wong-wong aradan.

Miturut Bathara Narada peparing wewenang kaya mangkono iku bakal nuwuhake dredah ing arcapada. Sanghyang Manikmaya bisa nampa panyaruwene Sanghyang Narada lan banjur ngutus Bathara Wisnu kanggo njugarake wewenange Bathara Kala. Jejibahane Bathara Wisnu bisa kasembadan amarga pambiyantune Sanghyang Kanekaputra lan sedulur-sedulure.

Miturut salasilah parisawuli, sisihane Bathara Kala yaiku Dewi Pramoni. Kalorone peputra cacah lima, yaiku Bathara Siwahjaya, Dewi Kalayuwati, Bathara Kalayuwana, Bathara Kalagotana lan Bathara Kartinea.

Sabanjure Bathara Kala nurunake para raja raseksa, antarane Prabu Niwatakawaca raja Manimantaka. Kridhane Prabu Niwatakawaca dicritakake ing lakon Ciptaning Mintaraga utawa Arjuna Wiwaha. Raja raseksa liyane, Prabu Yudakalakresna, raja raseksa nagara Dwaraka.

Bathara Kala nate dadi raja ing Arcapada, jumeneng nata ing nagara Medangsiwanda, jejuluk Maharaja Balya. Patihe Siwandakara. Nalika jumeneng nata ing Medangsiwanda, Bathara Kala lan patihe, Siwandakara, tansah nuwuhake dredah lan paprangan kalawan nagara liya.

Bathara Kala kondhang sekti mandraguna wiwit bayi. Ing alam wayang sing bisa ngalahake Bathara Kala mung Bathara Wisnu. Bathara Kala nganti saiki isih disebut-sebut , amarga akeh dhalang kang nggunakake jenenge yan sedya mbabar lakon Amurwakala, kang ateges nguwasani Kala. Wandane Bathara Kala iku Barong. ::Ichwan Prasetyo::

1 komentar untuk "Bathara Kala (Bahasa Jawa)"

Sasskeeeh 15 Februari 2016 pukul 18.43 Hapus Komentar
izin copas ya, untuk tugas sekolah