Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Lokapala (Bahasa Jawa)

Lokapala, miturut carita Jawa araning nagara, kang jumeneng ratu tedhak turune Bathara Guru. Nanging miturut buku-buku asli Indu, kayata Mahabharata lan Utarakanda, Lokapala iku araning pangkate dewa 4, yaiku : Bathara Indra (ngratoni para dewa), Bathara Yama (nguwaosi nraka), Bathara Baruna (nguwaosi samodra) lan Bathara Kuwera (dewaning kasugihan, rajabrana).

Miturut serat-serat pakem padhalangan, Lokapala namanipun nagari, ratunipun ajejuluk Prabu Wisrawana utawi Prabu Dhanaraja, Prabu Dhanapati, putranipun Bagawan Wisrawa patutan kaliyan Dewi Lokati. Prabu Wisrawana punika ingkang dipun cariyosaken abala bacingah, tegesipun wadyabala campuran antawisipun wadyabala manungsa kaliyan raseksa.

Garwane jaka rara Resi Wisrawa yaiku Dewi Lokati, putrane putri Prabu Lokawana ratu ing Lokapala, apeputra kakung siji, sinung asma Wisrawana.


 Wisrawa - Sukesi - Danaraja




Resi Wisrawa jumeneng ratu ing Lokapala gumanti kaprabone ingkang rama marasepuh, ajejuluk Prabu Wisrawa. Nanging bareng Wisrawana wis diwasa, Prabu Wisrawa seleh kaprabon marang ingkang putra iku, nuli mbanjurake mratapa utawa mbagawan.

Sanajan wis jumeneng narendra, Prabu Wisrawana durung nambut silaning akrama. Ing sawijining dina Prabu Wisrawana midhanget pawarta, manawa Prabu Sumali ratu Ngalengka ngedegake sayembara, kanggo malakramakake putrane putri kang apeparab Dewi Sukesi. Surasane sayembara : sing sapa bisa ngasorake yudane senapati Ngalengka kang apeparab Arya Jambumangli, bakal didhaupake karo Dewi Sukesi.

Prabu Wisrawana wis muntu tekad nedya ngleboni sayembara Ngalengka, mulane dhawuh mepak wadyabala marang Patih Banendra. Sawise samekta, lagi bae nedya budhal menyang praja Ngalengka, dumadakan Sang Prabu kerawuhan ingkang rama Resi Wisrawa.

Resi Wisrawa menggak kersane ingkang putra. Sang Resi mrayogakake Prabu Wisrawana tumuli nambut silaning akrama, nanging ora nayogyani yen olehe krama kanthi karananing pancakara. Kersane Sang Resi, Dewi Sukesi supaya disuwun kanti aris. Sang Resi saguh nglamarake Sang Dewi, sarana sowan Prabu Sumali.

Prabu Danaraja ndherek kersane ingkang rama. Awit saka iku, Sang Prabu tumuli dhawuh marang Patih Banendra, ndikakake mbubarake wadyabala, ora sida budhal menyang Ngalengka.

Resi Wisrawa tindak menyang praja Ngalengka sowan Prabu Sumali, nglamar Dewi Sukesi, nedya didhaupake karo Prabu Danapati. Tindake Sang Resi tanpa kanthi, prelune mbokmenawa panglamare ditampik, ora ana wong sing ngreti.

Praptane Resi Wisrawa ing Ngalengka anjog ing taman Argasuka. Nalika samana Prabu Sumali mbeneri lagi ngenggar-enggar panggalih ana ing sajrone taman, bebarengan karo para garwa klangenan. Bareng priksa Resi Wisrawa rawuh, Prabu Sumali gugup gurawalan methukake. Sang Resi didherekake menyang pantisari (omah ing satengahing patamanan), diaturi pinarak ing dhampar rukmi (mas).

Sawise bage binage kasugengan, Prabu Sumali nilakrama :

“Kakang Bagawan, wonten karsa paduka badhe dhawuh punapa dhateng kawula, dene paduka ngantos keraya-raya rawuh ing taman Argasuka. Bingahing manah kawula ing dinten punika kados kadhawahan ndaru, jalaran kerawuhan paduka. Sajeg-jumleg dereng nate kawula rumaos begja kados ing dinten punika, jalaran kerawuhan kakang Bagawan”

Midhanget pangandikane Prabu Sumali mangkono iku, Resi Wisrawa rumangsa antuk marga olehe nedya ngendikakake sedyane. Sawise sang Resi ngendikakake kapreluane, Prabu Sumali banjur ngendika :
“Kakang Bagawan, mugi ndadosaken ing kawuningan. Pulunan paduka pun Sukesi punika sampun wola wali kelair prasetyanipun mekaten : Ora nedya nambut silaning akrama, manawa durung putus ing sawarnaning sastra. Sanajan samangke piyambakipun sampun mangertos dhateng sastra maneka warni, taksih wonten satunggal ingkang dereng dipun mangertosi, inggih punika Sastrajendra hayuningrat. Pulunan paduka boten badhe purun nambut silaning akrama, sanajan ngantos dumugi nini-nini, manawi dereng saged nyakup wardininpun sastrajenra hayuningrat. Kajawi punika kakang Bagawan, mugi kawuningana, wonten pepalang ingkang ngalang-alangi ingatasipun pun Sukesi, inggih punika kaprenah nak-dherekipun pun Sukesi piyambak, ingkang apeparab Jambumangli, atmajanipun suwargi kakang Malyawan. Salugunipun Jambumangli kepengin ngrabi pun Sukesi, milanipun ngedegaken sayembara utawi pasanggiri. Priya ingkang kepengin ngrabi pulunan paduka pun Sukesi, tangeh lamun sagedipun kaleksanan, manawi boten saged ngasoraken yudanipun Jambumangli”

Resi Wisrawa ngendika :
“Yayi Prabu, ingkang ndadosaken gumuning manah kula, dene nini Dewi kok kumedah kedah nguningani sastrajendra hayuningrat. Gek sinten ingkang marahi piyambakipun mbebana aneh nyleneh makaten punika. Kawuningana yayi Prabu, sastrajendra hayuningrat punika wewadosing bawana ingkang sinengker dening Sang Hyang Jagatnata, milanipun pilih janma ingkang uninga. Sanajan pandhita linangkung, tangeh uninga bab punika, manawi dereng bontos ing kawruh. Sastrajendrahayuningrat punika inggil-inggilipun kawruh, mulya-mulyanipun gegebengan. Sato kewan ingkang mireng ungelipun sastrajendra hayuningrat, manawi pejah, yitmanipun saged ketrimah, manunggil kaliyan nyawanipun manungsa wonten ing delahan. Tiyang ingkang wuninga lan saged nyakup wardinipun sastrajendra hayuningrat, manawi palastra, suksmanipun ngalami mulya, saged manunggil kaliyan Jawata”

Midhanget ngendikane Resi Wisrawa mangkono iku, katetangi panggalihe Prabu Sumali, kepengin nguningani wardine sastrajendra hayuningrat. Awit saka iku, banget pangarerepane sang Prabu marang sang Resi, kersaa mejang wardine sastra iku.

Resi Wisrawa : “Yayi Prabu kawuningana, sastrajendra hayuningrat pangruwating raseksa diyu, boten kenging kawedhar wonten ing sadhengah panggenan, ngemungaken wonten ing salebeting sanggar palanggatan.”

Prabu Sumali tumuli dhawuh marang abdi, ndikakake ngresiki sanggar palanggatan lan nyamektakake sawarnaning ubarampe. Sawise samekta, Prabu Sumali tumuli manjing ing sanggar palanggatan bebarengan karo resi Wisrawa. Nganti suwe pamejange resi Wisrawa marang Prabu Sumali. Sawise paripurna, sakarone miyos saka sanggar palanggatan, tindak menyang taman. Kawistara ing netra, sang Prabu banget suka rena, sajak kalegan ing panggalih priksa wardine sastrajendra hayuningrat, yaiku sastra cetha ugering ngaurip, kang jalari patitising pati sampurnaning kamuksan.
Resi Wisrawa sarta Prabu Sumali padha pinarak maneh ing pantisari, nuli sang Prabu dhawuh marang abdi ndikakake nimbali Dewi Sukesi. Sawise sang Dewi marak, Prabu Sumali ngendika aris :
“Nini, wruhira, idham-idhamanira kepengin uninga wardine sastrajendra hayuningrat, bakal kaleksanan, amarga mengko bengi sira bakal winejang bab iku dening resi Wisrawa ana ing sajroning taman. Weling ingsun marang sira nini, aja sira darbe rasa ewuh pakewuh marang sang Resi, panjenengane anggepen kaya wong tuwanira dhewe. Wruhanira nini, salugune panjenengane iku mung sadrema dadi utusaning putrane, yaiku Prabu Wisrawana, ratu ing Lokapala kang banget sura sekti mandraguna, bagus respati nedheng taruna tur isih jaka. Rawuhe resi Wisrawa ing Ngalengka prelu nglamar sira, nedya didhaupake karo Pabu Wisrawana. Sang resi mengko bengi bakal ngleksani bebananira, yaiku mejang marang sira wardine sastrajendra hayuningrat. Poma nini, aja darbe rasa ewuh pakewuh marang calon maratuwanira, sajrone sira winejang sastrajendra hayuningrat dening panjenengane”

Dewi Sukesi : “Kawula nuwun inggih rama Prabu. Kawula sendika ngestokaken dhawuh pangandika paduka”

Prabu Sumali banjur kondur ngadhaton, dene dewi Sukesi lan Resi Wisrawa isih kari ana taman Argasuka, lenggah ing pantisari.

Kocap nalika resi Wisrawa medharake wardine sastrajendra hayuningrat marang Sang Danawaraja Ngalengka, Prabu Sumali, ing marcapada tuwuh gara-gara gora reh kagiri-giri, sumuke gara-gara tekan ing Suralaya, pindha nggonjingake Jonggringsalaka.

Bathara Guru ora kasamaran marang sabab kang njalari tuwuhe gara-gara, mulane kanthi nawung duka, Sang Bathara tumuli tedhak ing taman Argasuka, didherekake Bathari Uma. Rawuhe sang bathara bathari ing taman Argasuka ing wayah bengi, mbeneri Resi Wisrawa lagi mejang sastrajendra hayuningrat marang Dewi Sukesi. Kanthi ancas nandukake panggodha, Bathara Guru manjing ing salirane resi Wisrawa, Bathari Uma manjing ing salirane Dewi Sukesi, satemah Resi Wisrawa lan dewi Sukesi padhadene ketuwuhan panggalih kasmaran, lire : resi Wisrawa kasmaran marang Dewi Sukesi, sang dewi kandhuhan branta marang resi Wisrawa. Awit saka iku, sang resi karo sang dewi banjur padha apulang-resmi. Saparipurnane pulang-asmara, sakarone lagi rumangsa manawa kena ing cobaning jawata. Ing sabanjure nganti sawatara dina suwene, sang resi lan sang dewi tansah ana ing taman bae, pijer padha pepasihan.

Solah tingkahe Resi Wisrawa sarta Dewi Sukesi, suwe-suwe kapiyarsa dening Prabu Sumali, ndadekake gumun-nguguning panggalihe. Wasanane sang Prabu mupus pepesthening jawata. Nanging sang Arya Jambumangli, bareng ngrungu pawartapakartine Resi Wisrawa karo Dewi Sukesi, sanalika krodha tan sipi, enggal-enggal manjing ing taman Argasuka karo sesumbar maciya-ciya. Midhanget sesumbare Arya Jambumangli, lir tinepak mukane Resi Wisrawa. Sawise pamitan marang ingkang garwa, Resi Wisrawa tumuli miyos saka pantisari, nedya methukake krodhane Arya Jambumangli.

Perange Resi Wisrawa lumawan Arya Jambumangli banget nggegirisi, padhadene ngetokake pangabaran warna-warna. Nanging wasanane Arya Jambumangli palastra ketaman jemparinge Resi Wisrawa.

Ing sasedane Arya Jambumangli, Resi Wisrawa dipethuk dening ingkang garwa Dewi Sukesi, banjur gegandhengan asta manjing ing pantisari. Rina wengi sang resi karo sang dewi tansah ana ing pantisari, pijer ulah raras karasikan.

<<< ooo >>>

Prabu Wisrawana Ratu Lokapala, uga ajejuluk Prabu Danaraja, iya Prabu Danapati, patihe apeparab Banendra. Sang Prabu abala bacingah, tegese darbe wadyabala campuran yaiku wadyabala raseksa karo wadyabala manungsa, padha mawa senapati dhewe-dhewe. Senapatine wadyabala raseksa papat, yaiku : Gohmuka, Rukmuka, Gurmuka, lan Wisnungkara. Senapatine wadyabala manungsa uga papat, yaiku Citrajaya, Citrasudirga, Citragana, lan Citrasakti.

Kreta titihane Prabu Wisrawana pinatik manik nawa retna, arane wimana Puspaka, apangirid turangga wolu. Wimana (kreta) Puspaka iku peparinge Jawata. Sanjatane Prabu Wisrawana kunta Baswara lan jemparing maneka warna.

Pawarta manawa Dewi Sukesi wis kagarwa Resi Wisrawa, ora mung keprungu ana sajrone laladan nagara Ngalengka, nanging wis sumebar kawentar tekan ing manca praja. Prabu Wisrawana uga wis miyarsa yen ingkang rama atindak cidra. Resi Wisrawa atindak cidra marang putra, amarga ancase ing sakawit, olehe tindak menyang Ngalengka, prelu nglamar Dewi Sukesi nedya kapundhut putra-mantu, didhaupake karo Prabu Wisrawana. Nanging toging endon, Dewi Sukesi jebul kagarwa dening Sang Resi dhewe.

Cidraning tindake Resi Wisrawa agawe krodhaning panggalihe ingkang putra Prabu Wisrawana. Awit saka iku, Prabu Wisrawana banjur mepak wadyabala, nedya ngrabasa praja Ngalengka sarta nedya ngrebut Dewi Sukesi, sarana mrajaya ingkang rama Resi Wisrawa. Anteping tekade Sang Prabu mangkono iku, alandhesan kapracayan mangkene : sanajan sudarma, manawa awatak candhala atindak cidra marang putra, putra kena midana.

Sawise wadyabala samekta sagegamaning ayuda, Patih Banendra dhawuh nembang tengara (nabuh tengara, sing ditabuh lumrahe bendhe), minangka sasmita budhaling wadyabala. Barisan wadyabala yaksa budhal dhisik, dadi lakune ana ing ngarsane Prabu Wisrawana, tinindhihan senapati papat. Kang minangka cucuking baris tinindhihan Gohmuka lan Rukmuka, nuli sinambungan barisan kang tinindhihan Gurmuka lan Wisnungkara. Lakune wadyabala manungsa ana ing sawurine Prabu Wisrawana, uga tinindhihan senapati papat, yaiku : Citrajaya, Citrasudirga, Citrasakti lan Citragana. Kang minangka panutuping barisan, kang ana ing buri dhewe, Citrayuda lan Citracapa satriya kembar ing rupa ngedhangkrang munggwing ratangga.

Bareng lakune tekan ing tepis-wiringing piaja Ngalengka, barisan wadyabala Lokapala dialang-alangi dening wadya raseksa kang njaga tapel-watesing nagara, tinindhihan dening Marica, satemah dadi pancakara. Amarga karoban lawan, wadyabala Ngalengka kasoran. Marica mlayu menyang kadhaton Ngalengka, ngaturi priksa marang Prabu Sumali yen ana mungsuh teka saka nagara Lokapala, lakuning barisane rnungsuh wis ngliwati tapel-watesing praja.

Midhanget ature Mirica, Prabu Sumali gugup panggalihe, enggal-enggal nimbali Mintragna lan liya-liyane para gegedhunging wadyabala, didhawuhi mepak wadyabala, pinerang dadi rong bregada. Kang sabregada kadhawuhan nempuh mungsuh ana ing sajaban kutha, kang sabregada pacak-baris ana ing sakubenge dhatulaya.

Ora kacarita ramening campuhe wadyabala Ngalengka lumawan wadyabala Lokapala. lng sakawit perange wadyabala Ngalengka tansah unggul; akeh wadyabala Lokapala kang palastra. Nanging bareng Prabu Wiisrawana nyalirani perang, wadyabala Ngalengka keseser, kepeksa ngunduri pangangsege wadyabala Lokapala.

Undure wadyabala Ngalengka nenangi adrenging panggalihe Resi Wisrawa nedya nyalirani perang. Sawise cancut taliwanda, Sang Resi tumuli mangsah yuda.
Bareng priksa ingkang rama nyalirani perang, dukane Prabu Wisrawana kaya diububi. Sang Prabu banget ora sranta panggalihe, kumudu-kudu enggai bisa midana marang ingkang rama. Awit saka iku, wadyabalane tumuli diabani sumisih. Wadyabala Lokapala piyak ngiwa-nengen, satemah Prabu Wisrawana banjur ayun-ayunan karo ingkang rama.

“Bapa awatak slingkuh, kepatuh nletuh atindak rusuh !” Mangkono panguman-umane Prabu Wisrawana marang ingkang rama, banjur nglepasake jemparing dahana. Sang Resi prayitna, enggal-enggal nglepasake Barunastrso rninangka panulaking jemparing dahana.

Nganti suwe perange Resi Wisrawa lumawan ingkang putra Prabu Danaraja, padha ngadu tyasa arebut prabarwa, padhadene ngetokake aji kamayan lan pangabaran. Suwe-suwe Prabu Danaraja entek sabare, kapengin tumuli mungkasi yuda. Awit saka iku, Sang Prabu banjur ngetokake sanjata pamungkas, yaiku Kunta Baswara. Bareng priksa ingkang putra ngasta sanjata Kunta Baswara, Resi Wisrawa enggal-enggal ngeremake netra, panggalihe pasrah-sumarah marang kang murbeng bawana, wis nyipta manawa bakal tumuli palastra ketaman Kunta Baswara.

Dumadakan mak jleg ! Bathara Narada tumurun saka antariksa, nyandhak Kunta Baswara kang diasta dening Prabu Wisrawana karo ngendika :
“Lo, aja ta aja ! Aja kaki Prabu, aja ! Sira iku kena ingsun arani kebanjur wuru, parikudu atindak dudu, ndurusi budi arda nedya mrajaya sudarma. Nadyan silih salah solahe sudarma, putra ora kena midana. Apa maneh nganti nedya mrajaya

marang bapa, saya ora ndadekake keparenging dewa. Sanajan saupamane sudarmanira trima nedya sira prajaya, dewa ora bakal trima. Paribasane : Trimaa sing nglakoni, mangsa trimaa sing momong”. Wruhanira kaki Prabu ! Nadyan sanjatanira Kunta Baswara durung nganti lumepas saka astanira, sira wis binendon ing dewa, amargo ngagagi sanjata marang liya iku klebu panggawe dosa, apa maneh marang sudarma. Mangkono uga tindakira rebutan garwa karo sudarmo, iya ora ndadekake keparenging dewa. Awit saka iku kaki Prabu, kesluruning tindakira rong warna mau, njalari prajanira Lokapala ing tembe bakal rinusak dening kadangira dhewe, yaiku atmajane sudarmanira kang miyos saka putri Ngalengka”.

“Kaki prabu Danaraja ! Prayogane sira tumuli mundura saka rananggana, ngegungna tapa-brata, nalangsaa marang Jawata, nyuwuna pangapura kesluruning tindahira marang sudarma”
Sawise ngendika mangkono, Bathara Narada banjur musna. Dene Prabu Wisrawana, ing sapungkure Bathara Narada, banjur nyembah ingkang rama Resi Wisrawa saka ing kreta Puspaka, banjur kondur menyang Lokapala kanthi nawung sungkawa, didherekake para wadyabala.

Dewi Sukesi lestari dadi garwane Resi Wisrawa. Sang Dewi apeputra papat, yaiku : 1. Dasamuka, 2. Kumbakarna, 3. Sarpakanaka 4. Wibisana

Sabdane Bathara Narada kalakon temenan. Pamburine praja Lokapala rinusak dening Dasamuka. Prabu Wisrawana pinulung dening Jawata, wasana banjur asalira dewa peparab Bathara Wisrawana utawa Bathara Kuwera, dewaning kasugihan utawa rajabrana.

 http://indonesiawayang.com

Posting Komentar untuk "Lokapala (Bahasa Jawa)"