Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kresna Duta (Dalam Bahasa Jawa)

Cerita Wayang Bahasa Jawa : Kresna Duta - Sampunipun Pandhawa bebas saking ukuman 13 taun, malahan sakpunika saged muncul mandhireng pribadi, nuruti obah mosike donya, lanniat wanton ngadhepi sinten kemawon, lan negari pundi kemawon, asal sedaya tumindak dipundhasari: adil, leres, jujur, ngregeni tata rembag kamanungsan.

Inggih wiwit sapunika pandhawa badhe nggugat dhateng Bala Kurawa, ngangge syarat-syarat ing nginggil:

1.Dinten wontenaken rembagan antawisipun kurawa ngastina, ngengingi sedaya hak warisanipun para warga pandhawa ingkang taksih dipunkuwasai para warga ngastina

2.Kangge niyat punika sanget perlu dipunaturi rawuh ing siding, sedaya utusan saking sedaya praja ingkang mihak pandhawa. Sabotenipun Prabu sri kresna ingkang minangka ngasta sesepuh penasehat agung pandhawa, minangka utusan mundhut hak warisan pandhawa kanthi cara damai.

Ing tengah-tengah sidang, Sri Kresna dipunsekseni para dewa, inggih punika:

Sang Hyang Parasurama

Sang Hyang kanwa

Sang Hyang Janaka

Bathara narada


Bebarengan kaliyan Sri Kresna ing tengahing sidang ngendikaken sedaya kewajibanipun minangka duta, pranyata boten kasil.

Kurawa tetep boten badhe pasrah sajengkal lemah, senadyan punika sanes gadhahanipun ngastina.

Sareng mireng pangandikanipun Sri Kresna, bala kurawa sami muntap, Sri Kresna sak pasederekanipun dipun krubut prajurit Kurawa, badhe dipunsedani.

Sri Kresna telas kesabaranipun, ngantos muntap triwikrama, matek aji bala sewu(brahalasewu) Kraton Ngastina ajur-mumur.

Wusana kawontenan punika dipun leren lan dipunsirep dening Bathara Narada. Maksudipun Kurawa dados gagal.

Ningali glagat kawontenan, saha akhlaqipun kurawa 100 kados mekaten, sajakipun Bratayuda boten badhe saget dipunselaki.

Prastawa saderengipun Batarayudha, inggih punika, tilaripun bambang irawan (putra arjuna) nalika Bambang Irawan tumuju dhateng panggenan kempalipun pandhawa. Bambang Irawan tilar dipugigit kalasrenggi. Kalaserenggi dendham dhateng janaka. Bambang Irawan rupinipun kados janaka, dipunkinten Bambang Irawan Punika Janaka. Dene Kalasrenggi ugi sampyuh (seda bareng), kena pusakane Irawan.

Daerah perang Baratayuda wonten ing tegal Kuruksetra, kalih kalihpun, kurawa kaliyan pandhawasami sibuk siyaga kubu-kubu markas ing pinggir Tegal Kuruksetra.

Baratayuda ngantos kelamapahan 18 dinten, tuwin mbekta kurban sakinten sekawan yuta prajurit.

Posting Komentar untuk "Kresna Duta (Dalam Bahasa Jawa)"